Jumat, 29 Agustus 2014

Surat Wasiat

SURAT WASIAT

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis,
irunge sampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip. Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudin ben didungakno.

Pas mudine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok ambekan, raine pucet, tangane gemeter. Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis. Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen.
Ambek megap-megap, mbah Jo nulis surat. Karo siso-siso tenogone
mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudine. Ambek Pak Mudine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire pak Mudin.

Mari ngesaki surat pak Mudin nerusno ndungone. Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe’e nganggo klambi batik sing digawe pas mbah Jo mangkat. Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire pak Mudin.

”Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak sampekno nang peno kabeh. Lek ndelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate”. Mari ngono pak Mudin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..

HE.. NGALIO DIN !!! OJOK NGADEK NDHIK SELANG OXIGENKU!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar